![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/95/2011_Toyota_Corolla_LE_--_07-28-2011.jpg/640px-2011_Toyota_Corolla_LE_--_07-28-2011.jpg&w=640&q=50)
Toyota Corolla
From Wikipedia, the free encyclopedia
Toyota Corolla ya iku montor kompak kang paling laris ing donya, punjul 30 yuta unit mobil bisa didol nalika taun 1966 nganti tekan saiki.[1] Toyota Corolla ora mung diprodhuksi ing Jepang, nanging uga ing akèh nagara kaya ta ing Amérikah Sarékat, Kanada, Afrika Selatan, Thailand, Inggris, Turki, lan nagara-nagara liyané.[1] Corolla nduwéni mesin 4-silinder bènsin lan ing Jepang lan Éropa uga dipasaraké kanthi mesin disel.[1] Wangun body' Corolla kang paling umum ya iku Sédhan kanthi lawang kang cacahé papat.[1] Modhel body liyané kaya ta Station Wagon, lan Hatchback kanthi lawang kang cacahé telu lan lima. Modhel sport kang dhapuré Coupe 2-pintu tau diprodhuksi saka taun 1970-an nganti 1999 kanthi jeneng Corolla Levin lan Sprinter Trueno.[1] Nalika taun 1980-an, Levin lan Trueno uga ana kang dhapuré Liftback kanthi lawang kang cacahé telu.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/95/2011_Toyota_Corolla_LE_--_07-28-2011.jpg/640px-2011_Toyota_Corolla_LE_--_07-28-2011.jpg)
Kompetitor Corolla kang paling umum ya iku Honda Civic, Nissan Sunny utawa Sentra, Mitsubishi Lancer, Mazda 323 kang banjur digantékaké karo Mazda3, lan Subaru Impreza.[1]