From Wikipedia, the free encyclopedia
Tlaga Mono inggih punika tlaga ingkang éndah ing California, Amérikah Sarékat. Dipunwastani éndah sanget amargi wonten tufa ing tengahipun. Tufa inggih punika sèdhimèn sèla ingkang kadamel nalika wonten jeblugan redi ingkang boten tebih saking ngrika.
Tlaga punika sampun wonten 760.000 taun kapengker. Bab punika ndadosaken tlaga Mono minangka tlaga ingkang paling sepuh ing Amérika Lèr. Wiwit 28 September 1994, tlaga punika boten pikantuk dipuntingali tiyang amargi kanggé njagi stabilitas ing kainggilan lumahing toya ing tlaga punika.[1]
Tlaga Mono, inggih punika tlaga alkali lan hypersaline ingkang gadhah konsèntrasi nginggil larutan arsen. Felisa Wolfe-Simon, paneliti astrobiologi NASA, panyerat utami makalah punika, sampun nyinaoni manawi wonten wentuk kagesangan ingkang gadhah basis arsenik ing tlaga punika. Ingkang mundhut sampel saking Danau Mono lan medium kultur ingkang kirang kadar fosfor, piyambakipun ngertos manawi wonten strain Gamaproteobacteria ingkang boten saged gesang, manawi boten ngginakaken arsenik, taksih saged gesang.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.