Thomas Hobbes
From Wikipedia, the free encyclopedia
Thomas Hobbes (5 April 1588 – 4 Dhésèmber 1679) iku siji filsuf saka Inggris, kang misuwur kanthi bukuné Leviathan 1651, kang dadi dhasar tumrap filsafat pulitik Kulon. Hobbes dikenang kanthi karyané bab filsafat pulitik, sanajan karyané uga nyakup bab-bab liya kaya déné sajarah, èlmu ukur, teologi, etika, filsafat umum, lan èlmu pulitik. Saliyané iku, sumbangan pamikiran Hobbes bab alam manungsa minangka siji kerjasama kang madhiri utawa self-interested cooperation, wis kabukti dadi téyori kang tahan uji ing jagad antropologi filsafat.
Sunyata Rikat Kala, Tlatah ...
Thomas Hobbes | |
---|---|
Kala | Filsafat abad angka 17 (Filsafat Modèren) |
Tlatah | Filsuf Kulon |
Aliran | Kontrak sosial, realisme |
Karsa pokok | Filsafat pulitik, sajarah, etika, ngèlmu ukur |
Gantha misuwur | panemu tradhisi kontrak sosial; life in the state of nature is "solitary, poor, nasty, brutish and short" |
Maribawani
| |
Pinaribawan
| |
Tutup