Téyologi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Téyologi (basa Yunani θεος, theos, "Allah, Pangéran", lan λογια, logia, "tetembungan," "pocapan," utawi "wacana") inggih punika wacana ingkang adhedasar pangraos ngenani babagan agama, kerohanian lan Pangéran (Lih. ngandhap, "Téyologi lan agama sanès sanèsipun agama Kristen"). Kanthi makaten, téyologi inggih punika ngilmu ingkang ngrembag babagan sadaya ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan agama. Téyologi punika sadaya ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan Pangéran.
Tembung 'téyologi' punika saking basa Yunani koine, nanging sampun éwah awit asring dipun-ginakaken para panyerat Kristen. Awit saking punika tembung punika kanggé bangsa kilèn gadhah latar Kristen. Nanging sapunika tembung punika saged dipun-ginakaken kanggé wacana ingkang tegesipun ngenani babagan agama. Ing agama Kristen, téyologi taksih kapérang dados manéka warna sub divisi.
Wonten ing ajaran Kristen, téyologi punika namung ngrembag babagan ajaran ngenani Allah, lajeng tegesipun tembung punika dados wiyar, ngantos gadhah teges sadaya ingkang ngrembag babagan praktiki agama Kristen.