Tenun
From Wikipedia, the free encyclopedia
Tenun iku tèhnik tradhisional ngrakit benang supaya dadi kain. Manut asal-asulé, tèhnik tenun iku turunané tèhnik nganyam kang lumrahé kanggo wilahan pring utawa suketan.
ꦗꦮ |
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
Cara nenun lumrahé nganggo gedhogan kang bisa ndadèkaké saukuran karo sadhepa tangané kang nggawé. Kain iku bisa tanpa motif, bisa uga ana gambaré. Gambar-gambar iku bisa mawujud saka tèhnik nenun manéka warna, ing antarané:
- tenun pakan
- tenun lungsi
- tenun campuran (pakan lan lungsi)
- tenun songket
Ing Tanah Jawa, salah siji karya tenun kang asring dadi klambi kas ya iku lurik.