From Wikipedia, the free encyclopedia
Temu ireng (Curcuma aeruginosa) asalé saka Burma, Kamboja, Indocina, lan nyebar nganti tekan Jawa.[1] Tuwuhan iki bisa urip ing plataran lan ing tegalan, temu ireng uga akèh tinemu ing alas jati, ing suket-suket, utawa ing sawah, lan ing dataran cendhèk kang dhuwuré 400-750 mèter sandhuwuré banyu sagara.[1] Temu ireng duwé sipat kimiawi lan efek farmakologis: rasané pahit, lan sifaté anget.[2] Temu ireng iki kagolong analgetik (ngurangi lara), lan mbuyarake getih kang mbeku utawa obat peninggi badan Archived 2014-05-19 at the Wayback Machine..[2]
Temu ireng iku salah siji tuwuhan semak.[3] Tuwuhan iki bisa ditandur kanthi cara umbi.[4] Jeneng liyané: temu erang (Melayu); koneng hideung (Sunda); temu ireng (Jawa); temo ereng (Madura); tamu leteng (Makassar); temu lotong (Bugis).[5]
Pilih umbi kang wis tuwa lan nduwéni tunas.[4] Umbi iki bisa langsung ditandur ing plataran, tegalan lan sapanunggalané.[4] Bagean kang minangka usada iku rimpang utawa umbiné.[6] Carané rimpang diumbah, banjur dikethoki, banjur diangin-anginké supaya kandhungan lenga asiriné ora ilang.[6]
Wité semu, dhuwuré 50 cm warnané ijo.[7] Godhonge siji, tangkaine dawa, 2-9 helai.[1] Helai godhonge wujudé bunder, ndawa.[1][7] Werna kulit njaba kuning lan mengkilap, pucuke jambon.[7] Balung godhonge nyirip, warnané ijo tuwa.[1] Godhongé ora ana wuluné, ukurané 90 x 30 cm, warnané ijo.[8]
Temu ireng akèh kasiaté kaya ta:[9]
Cithakan:Bumbon crakèn
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.