![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/0f/Tempel_1_%2528PIA02127%2529.jpg/640px-Tempel_1_%2528PIA02127%2529.jpg&w=640&q=50)
Tempel 1
From Wikipedia, the free encyclopedia
Tempel 1 (jeneng resmi: 9P/Tempel 1) iku sawijining komèt périodik sing tinemu ing tanggal 3 April 1867 déning Ernst Wilhelm Leberecht Tempel, sawijining ahli astronomi ing Marseille.
ꦗꦮ |
![]() |
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/0f/Tempel_1_%28PIA02127%29.jpg/320px-Tempel_1_%28PIA02127%29.jpg)
Nalika tinemu, Tempel 1 nggayuh periphelion saben 5,68 taun. Komèt iki banjur diamati ing taun 1873 lan 1879. Sanadyan mangkono, orbit Tempel 1 kadhangkala cukup cedhak karo Jupiter saéngga orbité owah lan mangsa pengorbitan uga mèlu owah. Prastawa iki kadadéan taun 1881, ndawakaké mangsa pangorbitan nganti 6,5 taun. Periphelion é uga owah, mundhak nganti 50 yuta kilomèter, lan ngakibataké dadi katon kurang cetha saka Bumi. Akibaté, ahli-ahli astronomi kèlangan énggok lan ngira yèn wis ajur. Tempel 1 tinemu manèh taun 1960-an sawisé ahli astronomi Amérika Brian G. Marsden ngayahi pétungan akurat marang orbit komèt mau kanthi mèlu ngitung akibat saka gangguan Jupiter. Mangsa pangorbitané saiki 5,5 taun.