Tania Oktaviani Kusumah
From Wikipedia, the free encyclopedia
Tania Oktaviani Kusumah yaiku salah sawijining pamain badminton saka Indonésia. Dhèwèké lair ing Bandung, Jawa Kulon tanggal 13 Oktober 1998.[1] Tania main ing nomer gandha putri lan gandha campuran ing sedawané kariré tumeka saikilan asale saka klub Mutiara Cardinal Bandung kang sadurungé mèlu klub PB. Djarum. Tania milih dadi pamain badminton jalaran saka krentegé dhéwé, pamain kang migunakaké tangan tengen kasebut lumebu klub PB Djarum ing taun 2010. Pamain kang duwèni kareman dolanan, nglangi, lan badminton kasebut seneng mangan mi dadak lan panganan saka Itali kang arané pizza. Dhèwèké ngaku minangka dadi pandhemene artis internasional yaiku Justin Bieber, lan duwèni tokoh tuladha sapepadha pamain badminton kang naté nggayuh medhali emas Olimpiadhe Barcelona taun 1992, yaiku Susi Susanti. Tania uga duwé gegayuhan pengin dadi pamain badminton rangking siji sadonya.[2]
Tania Oktaviani Kusumah | |
---|---|
Katerangan pribadi | |
Nagara | ![]() |
Lair | (1998-10-13) 13 Oktober 1998 (umur 25) Bandung, Jawa Kulon, Indonésia |
Dhuwur | 1.52 m (5 ft 0 in) |
Tangan sing dipigunakaké | Tengen |
Gandha Putri | |
Urut dhuwur dhéwé | 48 (kalawan Vania Arianti Sukoco 6 December 2018) 64 (kalawan Della Destiara Haris 28 May 2019) 152 (with Ni Ketut Mahadewi Istarani 13 August 2019) |
Urut saiki | 64 (kalawan Vania Arianti Sukoco) 69 (kalawan Della Destiara Haris) 152 (with Ni Ketut Mahadewi Istarani) (13 August 2019) |
Profil BWF |