Taman Nasional Bunaken
From Wikipedia, the free encyclopedia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Taman Nasional Bunaken iku taman nasional kang ana ing Sulawesi Lor, Indonésia. Taman nasional iki mapan ing segi telu Terumbu Karang, kang dadi panggon uripé 390 spésies terumbu karang, iwak, moluska, reptil lan mamalia sagara. Taman Nasional Bunaken iku ékosistem sagara ing Indonésia, kang ing jerone ana padhang suket sagara, terumbu karang lan ékosistem pasisir.
Taman Nasional Bunaken | |
---|---|
IUCN kategori II (taman nasional) | |
Pernah | Sulawesi Lor, Indon'rsia |
Kutha cedhak dhéwé | Manado |
Koordhinat | 1°40′N 124°39′E |
Laladan | 890 square kilometres (89,000 ha) |
Dikukuhaké | 1991 |
Dhayoh | ca.35,000[1] (ing 2003-06) |
Bebadan pamaréntahan | Kementrian Lingkungan dan Kehutanan |
Taman nasional iki didekake taun 1991, ambané kurang luwih 890.65 km². 97% saka taman nasional iki wujud habitat laut, lan kang 3% sisané wujud daratan, ing jerone kalebu limang pulo: Pulo Bunaken, Pulo Manado Tua, Pulo Mantehage, Pulo Naen lan Pulo Siladen.[2]
Ing papan kang wujud daratan, taman nasional iki akèh tuwuhan kang wujud palem, sagu, woka, silar, lan klapa. Ing papan iki akèh kéwan wujud kethèk ireng Sulawesi (Macaca nigra nigra), rusa (Cervus timorensis russa), lan kuskus (Ailurops ursinus ursinus).[2]
Werna-warna tuwuhan ing alas bakau Taman Nasional Bunaken kaya ta Rhizophora sp., Sonneratia sp., Lumnitzera sp., lan Bruguiera sp. Ing alas iki akèh kepiting, urang, moluska lan warna-warna manuk kang urip ing sagara, kaya ta manuk camar, bangau, dara sagara, lan cangak.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.