![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/ae/Hanging_Gardens_of_Babylon.jpg/640px-Hanging_Gardens_of_Babylon.jpg&w=640&q=50)
Taman Gantung Babilonia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Taman gantung Babilonia, wonten ing tlatah Babilonia.[1] Imperrum kuna Mesopotamia ingkang caket kaliyan lepen ''Euphrates'', sapunika dipuntepang Irak kidul.[1] Taman Gantung Babilonia, dipunyasa wonten tlatah Babilonia nalika taun 450 sadèrèngipun masehi.[2] Taman punika dipunyasa raja Nebukadnezar II (Bukhtannasar), kanggé bungahaken garwanipun, Amyitis (wonten sumber sanès ingkang nyebat asma garwannipun Nebukadnezar II, Amuhia)[2][3], Amyitis sapunika putrinipun raja Medes saking nagari Media.[3] Ingkang oneng kaliyan kampungipun ingkang tebih saking karajan Babilonia.[4] Amargi punika, raja Babilonia Bukhtannasar amarintah prajurit sumarga ngawontenaken ekspediai-èkspèdhisi wonten tlatah ngetan, inggih punika tlatah Nuswantara.[4] Garwanipun raja Babilonia Bukhtannasar dipunduga saking Nuswantara.[4] Sajatosipun Nebukadnezar II dadosaken Amyitis garwa sapunika salah satunggaling cara pulitik, supados nagari Babilonia kaliyan nagari Media (nagari ingkang dipunkuasai déning raja Medes) saged dipunsatunggalaken.[3] Taman gantung Babilonia dados salah satunggaling pitu kaajaiban dunya.[3][4][5] Nanging, wonten literature utawi seratan sajarah boten kapanggih cathetan sajarah bab taman punika, wonten laporan ingkang deskriptif nanging saking ahli sajarah saking bangsa Yunani.[4] Sajarawan Mesir kuna, Herodotus ingkang taksih gesang watara taun 450 SM, naté ngendikan.[2][3][5] "kaindahan saking kutha Babilonia, ngeluwihi kaindahan kutha-kutha kondhang ingkang wonten dunya".[2][3][5] Piyambakipun ngendikan, sasampunipun priksa témbok ingkang dipunyasa raja Nebukadnezar II ingkang dados raja kanthos laminipun 43 taun, nalika taun 605 sadèrèngipun masehi[3], yasan punika éndah ugi kuat[2][5].
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/16/Die_schwebenden_G%C3%A4rten_von_Babylon_1726.jpg/640px-Die_schwebenden_G%C3%A4rten_von_Babylon_1726.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/ae/Hanging_Gardens_of_Babylon.jpg/640px-Hanging_Gardens_of_Babylon.jpg)