![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/3d/Jacques_R%25C3%25A9attu_%25E2%2580%2594_Les_dieux_du_Panth%25C3%25A9on_grec.jpg/640px-Jacques_R%25C3%25A9attu_%25E2%2580%2594_Les_dieux_du_Panth%25C3%25A9on_grec.jpg&w=640&q=50)
Téisme
kapracayan marang ananing dumara / From Wikipedia, the free encyclopedia
Téisme ing babagan agama komparatif ya iku kapercayan tumrap ananing dumara.[1] Ing basa populèr, tembung téisme lumrahé mangku teges kantha klasik ngenani bathara utawa gusti pangéran ing agama-agama monotéis lan politéis.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/3d/Jacques_R%C3%A9attu_%E2%80%94_Les_dieux_du_Panth%C3%A9on_grec.jpg/640px-Jacques_R%C3%A9attu_%E2%80%94_Les_dieux_du_Panth%C3%A9on_grec.jpg)
Tembung téisme tumurun saka tembung Yunani theos kang artiné "bathara". Tembung téisme kapisanan dianggo déning Ralph Cudworth (1617–1688).[2] Dhéfinisiné Cudworth mratélakaké, kang "ingaran para Téis ya iku kang percaya yèn ana dat kang sampurna saka alam kalanggengan kang nglantari ananing dumadi".[3]
Éwadéné, atéisme iku racaké dingertèni minangka tampikan tumrap téisme saumumé, kaya ta nampik kapercayan tumrap bathara utawa déwa.[4] Paham kang nganggep yèn ana-orané bathara utawa déwa iku ora dingertèni utawa ora bisa dingertèni ingaran agnostisisme.[5][6]