From Wikipedia, the free encyclopedia
Szeged ( [ˈsɛgɛd] (pitulung·info)), (pocapan: Seg-ed), (uga kaloka minangka jeneng alternatif) iku kutha gedhé dhéwé nomer papat ing Honggari, dadi punjer regional tlatah kidul-wétan Honggari lan kutha krajan county Csongrád.
Szeged | |||
---|---|---|---|
Votive Church Votive Church | |||
| |||
Country | Honggari | ||
County | Csongrád | ||
Pamaréntahan | |||
• Mayor | Dr. László Botka | ||
Laladan | |||
• Gunggung | 280,84 km2 (10,843 sq mi) | ||
Cacah warga (2005) | |||
• Gunggung | 162.889 | ||
• Pepadhet | 581/km2 (1,500/sq mi) | ||
Zona wektu | CET (UTC+1) | ||
• Usum panas (DST) | CEST (UTC+2) | ||
Kodhe laladan | 62 | ||
Situs wèb | http://www.szegedvaros.hu/ |
Jeneng Szeged mbokmanawa asal saka tembung basa Honggari kang tegesé pojok [1] amarga ing tlatah iki Kali Tisza ménggok iliné. Sawetara iku ana kang celathu yèn Szeged iku asal saka tembung sziget sing tegesé "pulo".
Kutha iki duwé jeneng warna-warna ing sawatara basa. Ing basa Bulgaria: Сегет; Kroasia: Segedin; ing basa Jerman Szegedin/Segedin; ing basa Latin: Partiscum; ing basa Romania Seghedin; ing basa Serbia Сегедин, Segedin; ing basa Slowak Segedín; lan ing basa Turki Segedin.
Szeged dumunung ing cedhak tapel wates Honggari, ing sisih kidulé sungapan Kali Maros, lan pinggiring Kali Tisza. Amarga akèhé sunar srengéngé ing saben dinané, Szeged uga sok ingaran minangka Kutha sunar surya (bebarengan karo kutha liya: Debrecen.)
Ing taun 2003, ana 175,301 jiwa manggon ing kutha iki; 93.5% wong Magyar, 0.7% wong Roma, 0.5% wong Jerman (Danube Swabians), 0.2% wong Serbia, 0.2% wong Romania, 0.1% wong Kroat, 0.1% wong Slowak lan 5.9% liyané. Kapadhetan sing ndunungi 582.9/km². Ana 70,787 unit pomahan kanthi kapadhetan 252.05/km².
Pusat kutha, Dóm tér ("Cathedral Square") kanthi Gréja Votive |
Gréja Grey Friars (Gothic, abad kaping-15) | ||
Menara banyu | Dömötör Tower (13th century) | ||
Ferenc Móra Museum | Reök Palace | ||
Szeged Synagogue | Szeged City Hall | ||
Theater Nasional Szeged | Gróf-palota (1913) | ||
Episcopal palace (centre of the Diocese of Szeged-Csanád) | |||
Serbian Orthodox Church (1773-1778) | Synagogue http://zsinagoga.szeged.hu/ Archived 2007-06-22 at the Wayback Machine. | ||
Minorite Church (Baroque, 18th century) | Botanical Garden of the University | ||
Szeged Zoo | Fekete Haz "Black House", Museum of Currency | ||
Szeged duwé kutha kembar karo:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.