Surya Saputra
paraga lanang saka Indonésia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Surya Saputra yaiku artis Indonésia lanang kang lair ing Ciputat nalika tanggal 5 Juli taun 1969.[1] Surya Saputra kalebu artis kang nganut agama Islam Surya Saputra tau nikah karo penyanyi R&B, yaiku Dewi Sandra.[1]
Sinétron kang tau dibintangi, kaya ta: Air Mata Ibu, Cerita Cinta, Remaja Lima, Cinta Abadi, Romanika 21, Strawberry, Metropolis 2, Senyuman Ananda lan sinétron kang paling anyar Arisan! THE SERIES. Film-filem kang suksès kaya ta, Janji Joni, Gie, Untuk REna, Arisan!, Belahan Jiwa lan filem kang anyar, Long Road to Heaven (2007), ing kono dhèwèké dadi téroris bom Bali, Hambali.[1]