Sun Yat-Sen (Hanzi: 孫逸仙, Pinyin: Sūn Yì-xian, lair 12 Novèmber 1866 – pati 12 Maret 1925 ing umur 58 taun) iku pamimpin kang dadi punjeré révolusi Républik Rakyat Cina lan diakoni kanthi wiyar minangka Bapak Nagara Cina Modhèrn, ing Cina dharatan uga ing Taiwan.[2]
Sun Yat-sen 孫文 / 孫中山 / 孫逸仙 | |
---|---|
Présidhèn Républik Cina Sauntara | |
Linggih 1 Januari 1912 – 1 April 1912 | |
Wakil Présidhèn | Li Yuanhong (1 Januari-1 April 1912) |
Kang sawisé | Yuan Shikai (présidhèn pisanan) |
Rerincèn dhiri | |
Lair | 12 November 1866 Xiangshan, Guangdong, Cina |
Pati | Maret 12, 1925 58) Beijing, Cina | (umur
Bangsa | Républik Cina |
Parté pulitik | Kuomintang |
Sisihan | Lu Muzhen (1885-1915) Soong Ching-ling (1915-1925) |
Almamater | Hong Kong College of Medicine for Chinese |
Panggaota | Dhokter, Pulitikus, Révolusionèr, Panulis |
Agama | Kristen[1] |
Nalika iku, Républik Rakyat Cina dipréntah déning raja kang maréntah kaya déwa. Sun Yat-Sen percaya yèn Cina perlu ditata kanthi cara anyar kanthi révolusi. Nalika taun 1895, dhèwèké ngraman ing Kanton, nanging bisa dikalahaké. Yèn diétung dhèwèké nglakoni ping sewelas révolusi marang Wangsa Qing lan akiré bisa ngalahaké kakaisaran, lan kaisar mènèhaké jabatané. Banjur Cina malih dadi Républik Cina nalika taun 1911 kang diyasa déning Sun Yat-Sen. Dhèwèké iku sing ngedegaké parté kang tuwa dhéwé ing sajarah modhèren Cina, Kuomintang (KMT). Dhèwèké dadi présidhèn nalika taun 1912, lan nalika taun 1923-1925.
Nalika taun 1925, Sun Yat-Sen mati ing Cina. Telung taun sabubaré iku, Chiang Kai-shek, Salah siji saka pandhukungé kapilih dadi présidhèn.
Kanggo mèngeti jasané Sun Yat-Sen, diyasa yasan kang arané Balai Pèngetan Dr. Sun Yat-sen (Hanzi: 國父紀念館, basa Inggris: National Dr. Sun Yat-sen Memorial Hall) kang isiné kanggo punjeré kabudayan lan kasenian.
Cathetan sikil
Pranala njaba
Wikiwand in your browser!
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.