Jinis suket From Wikipedia, the free encyclopedia
Suket lulangan kang duwé jeneng èlmiyah Eleusine indica minangka jinis suket gulma kang kalebu kulawarga Poaceae utawa suket-suketan. Suket iki asring dipigunakaké kanggo pakan kèwan ingon-ingon kaya ta wedhus lan sapi. Suket lulang bisa tuwuh cepet lan ngrembaka ing pekarangan lan area tetanèn.[1]
Eleusine indica | |
---|---|
| |
Status konsèrvasi | |
Masalah Lua: expandTemplate: template "Filtra_idioma" does not exist. | |
Spesies jroning kahanan aman | |
IUCN | 177359 |
Takson | |
Masalah Lua ing package.lua larik 80: module 'Modul:Wikidata/labels' not found. | |
Spesies | Eleusine indica Gaertn., 1788 |
| |
Tata nama | |
Basionim | Cynosurus indicus |
Suket lulangan akèh ditemoni ing pinggir dalan, ara-ara, pinggir galengan sawah, lan kebon. Tethukulan iki kalebu tuwuhan monokotil.[2] Dawa godhongé bisa nganti 15 cm kanthi dawa udakara 8 mm. Godhong ijo senger lan bentuké V. Kembang kasususun gunggung 3-8. Wiji werna soklat kaabangan nganti ireng.[3] Dhèwèké tuwuh ing lemah dhataran cendhek nganti dhataran dhuwuré 2000 mèter sak dhuwuring samodra.[4] Suket iki minangaka terna taunan sing bisa tuwuh nganti 0,5 mèter kanthi cepet. Ngembang ing sasi Juli nganti sasi Agustus, banjur wijiné mateng ing sasi Agustus-Oktober.[5] Perangan saka tethukulan iki didhominasi werna ijo. Panyerbukan direwangi dening angin. Bisa tuwuh ing kahanan lemah apa waé kaya ta masir, liat, lan seneng ing lemah lembab. Tetanduran iki tuwuh ing tlatah tropis, subtropis nganti iklim sedhengan ing donya. Tethukulan iki bisa ditemoni ing Afrika, Asia, Australia lan Amèrikah[6] utamané ing tlatah kang akèh sunar srengéngé.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.