From Wikipedia, the free encyclopedia
Strok iku siji kaanan kang dumadi nalika pasokan getih menyang siji pérangan utek dumadakan kaganggu. Sajeroning jaringan utek, kurangé ilining getéih njalari sarangkèn réaksi biokimia, kang bisa ngrusak utawa matèkaké sel-sel saraf ing utek. Patiné jaringan utek bisa njalari ilangé fungsi kang dikendhalèkaké déning jaringan iku. Strok iku jalaran pati kang katelu ing Amérika Sarékat lan akèh nagara indhustri ing Éropa (Jauch, 2005). Yèn bisa dislametaké, sok-sok panandhang ngalami kalumpuhan ing anggota awaké, ilangé sapérangan pepéling utawa ora/kurang bisa omong. Sapérangan taun ing wuri iki tansaya populèr istilah serangan utek. Istilah iki pepadhan karo istilah kang wis ditepungi wiyar, "serangan jantung".
Wikipedia ora tanggung jawab lan ora bisa njamin yèn informasi kedhokteran sing dipratélakaké ing kaca iki bener.Mangga nyuwun pituduh saka tenaga medhis sing profèsional sadurungé ngayahi pangobatan. |
Strok dumadi amarga cawang pambuluh getih kacandhet déning emboli. Emboli bisa wujud kolesterol utawa udara.
Diagnosis strok iku kanthi klinis dikanthèni pamriksan panunjang. Pamriksan panunjang kang bisa dilakokaké antarané CT scan sirah, MRI. Kanggo mbiji kasadharan panandhang stroke bisa dipigunakaké Skala Koma Glasgow. Kanggo mbédakaké jinis stroke bisa dipigunakaké manéka sistem skor, kaya déné Skor Strok Siriraj, Algoritma Stroke Gajah Mada, utawa Algoritma Junaedi.
Panandhang strok racaké diwènèhi oksigèn, dipasang infus kanggo nglebokaké cuwèran lan dat panganan, diwènèhi manitol utawa kortikosteroid kanggo ngurangi abuh lan tekanan ing njero utek kanggo panandhang stroke akut.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.