![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/25/The_Normal_Distribution.svg/langjv-640px-The_Normal_Distribution.svg.png&w=640&q=50)
Statistika
kawruh ngumpulaké, nata, neliti, ngartèkaké, lan nyuguhaké data / From Wikipedia, the free encyclopedia
Statistika iku èlmu kang nyinaoni cara gawé rencana, ngumpulaké, nganalisis, gawé interpretasi, lan présentasi data. Cekaké, statistika iku èlmu kang magepokan karo data. Istilah 'statistika' (basa Inggris: statistics) béda karo 'statistik' (statistic). Statistika minangka èlmu kang magepokan karo data, déné statistik iku data, informasi, utawa asil panerapan algoritma statistika ing sawijining data. Saka kumpulan data, statistika bisa dipigunakaké kanggo nyimpulaké utawa ndèskripsi data; bab iki diarani statistika dhèskriptif. Sapérangan gedhé konsèp dhasar statistika duwé asumsi téyori probabilitas. Sawetara istilah statistika antarané: populasi, sampel, unit sampel, lan probabilitas.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/25/The_Normal_Distribution.svg/640px-The_Normal_Distribution.svg.png)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/b9/Gretl_screenshot.png/640px-Gretl_screenshot.png)
Statistika akèh dicakaké sajeroning manéka disiplin èlmu, yaiku èlmu-èlmu alam (umpamané astronomi lan biologi lan uga èlmu-èlmu sosial (kalebu sosiologi lan psikologi), lan ing babagan bisnis, ékonomi, lan indhustri. Statistika uga dipigunakaké sajeroning papréntahan kanggo manéka tujuan; sènsus kang ndunungi minangka salah siji prosedhur kang paling misuwur. Aplikasi statistika liyané kang saiki populèr yaiku prosedhur jajag panemu utawa polling (umpamané diayahi sadurungé pilihan umum), sarta jajag rikat (pétungan rikat asil pemilu) utawa quick count. Ing babagan komputasi, statistika bisa uga dicakaké sajeroning pangenalan pola utawa kacerdhasan gawéan.