Sampel
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sampel iku péranganing populasi kang arep ditliti; dideleng minangka sawiji pandugan marang populasi, nanging dudu populasi iku dhéwé.[1] Sampel dianggep wakil saka populasi kang asilé makili sakabèhané tandha-tandha kang diamati.[2] Ukuran lan keragaman sampel dadi panentu apik orané sampel kang dijupuk. Ana rong cara panjupukan sampel, ya iku kanthi acak (random)/probabilita lan ora acak (non-random)/non-probabilita.[2]