Sonthé (Holotrichia helleri) ya iku gegremet kang kalebu jinis kumbang ing kulawarga Melolonthidae. Kéwan iki uga diarani bongthé, bonthé, lonthé, lunthi, klénthé, monthé, pothem, uti-uti, othé-othé, orèt-orèt, gerot, rampal, temimul, termumul, mumul, katimumul, kamultimu, gambrèngan, gambrèng utawa puthul.

Sunyata Rikat Holotrichia helleri, Klasifikasi ngèlmiah ...
Holotrichia helleri
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Arthropoda
Subfilum: Hexapoda
Klas: Insecta
Ordho: Coleoptera
Superfamili: Scarabaeoidea
Famili: Melolonthidae
Génus: Holotrichia
Spésies: Holotrichia helleri
Sinonim

Holotrichia rugiceps Moser, 1909

Tutup

Wedharan

Sonthé kang diwasa werna abang semu soklat kanthi dawa watara 12,5–14 mm. Asring katon mabur nalika wiwitan mangsa rendheng nalika wayah wengi lan ménclok ing wit-witan kang cendhèk, kaya ta wit gedhang lan mangan godhongé. Sonthé ora bisa mabur adoh. Sonthé wadon urip watara 5 minggu, lan ngendhog ing sajeroning lemah, jeroné watara 5–20 cm. Endhog kang netes dadi urèt (kang diarani lundhi) urip ing njero lemah lan mangan oyot tetuwuhan pari gaga, jagung[1], tebu[2][3], canthèl, seré, kekacangan, gedhang, téla kaspé, cengkèh lan jeruk. Sasuwéné dadi urèt iki, sonthé dianggep dadi ama kang ngrusak tetuwuhan.[4] Nanging, rusak tuwuhan amarga kéwan iki ora ketara.Nalika wis parah, tuwuhan dumadakan katon layu lan ora tambah gedhé. Urèt mangan oyot nganti umur 7 sasi nalika mangsa rendheng wis rampung, banjur ngaso kanthi wujud enthung watara 40 dina lan ditambah 2 sasi. Nalika wis dadi kumbang tetep ana jero lemah nganti wiwitané mangsa rendheng sabanjuré. Nalika diwasa sonthé mangan godhong.

Rujukan

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.