Siklotron
From Wikipedia, the free encyclopedia
Siklotron ya iku sawijining mesin (akselerator) kang nyepetaké partikel kanthi ngleker.[1][2] mula bisa éntuk ènergi kinétik kang dhuwur.[3] Partikel mau bisa wujud partikel proton utawa deuteron.[4] Siklotron bisa nyepetaké partikel amarga anané médan magnet lan médan listrik kang konstan.[5] Siklotron mujudaké tetemoning Ernest O. Lawrence[6][7] ing taun 1934 kang dikembangake déning mahasiswa ing University of California ing taun 1930 lan wiwit operasi ing taun 1932.[8] Siklotron kan gedhé dhéwé ing donya ana ing University of British Columbia, Vancouver, Kanada. Ing taun 1939, Lawrence kasil éntuk bebungah Nobèl bab Fisika amarga saka tetemoné iki.[2] Siklotron kang gedhé dhéwé iku duwé diameter 18 m kang kasusun saka 4000 ton magnèt. Siklotron iki ngasilaké 0,46 T, 23 MHz médan listrik, 94 kV tegangan kang digunakaké kanggo nyepetaké arus 200 μA.[8]