![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/57/Serai.jpg/640px-Serai.jpg&w=640&q=50)
Seré
From Wikipedia, the free encyclopedia
Seré (Cymbopogon nardus) iku tuwuhan kang kagolong familia Poaceae.[2] Seré urip ing panggonan kang cedhak karo banyu, lemahe gembur.[2] Panggonan kang akèh dadi habitate tuwuhan iki ya iku pinggir kali, rawa, utawa saluran irigasi.[2] Kanggo ngembang biake tuwuhan iki kanthi cara pisahke seré saka godhonge, nanging oyote aja diilangi, banjur tandur.[2]
Sunyata Rikat Lemon grass), Klasifikasi ngèlmiah ...
Seré (Lemon grass) | |
---|---|
![]() | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiosperms |
Unranked: | Monocots |
Unranked: | Commelinids |
Ordho: | Poales |
Famili: | Poaceae |
Génus: | Cymbopogon |
Spésies: | C. citratus |
Jeneng binomial | |
Cymbopogon citratus (DC.) Stapf,[1] 1906 | |
Tutup
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/57/Serai.jpg/320px-Serai.jpg)
Jeneng liya saka seré [2]:seréh, seré (Jawa), sarai, sorai, sange-sange (Sumatera), belangkak, senggalau, salai (Kalimantan), see, nau sina, bu muke (Nusa Tenggara), tonti, sare (Sulawesi), hisa, bisa (Maluku) Tuwuhan iki ngandhung: Minyak asiri: geraniol, citronnelal, eugenol-metil eter, sitral, dipenten, eugenol, kadinen, kadinol, lan limonen.[2]