![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/2b/Hara-kiri_by_Crepon_1867.png/640px-Hara-kiri_by_Crepon_1867.png&w=640&q=50)
Seppuku
From Wikipedia, the free encyclopedia
Seppuku (切腹, Seppuku? makna barès: "ngethok weteng") ya iku sawijiné ritual nglalu kang ditindakake déning samurai ing Jepang kanthi cara nyuwek weteng banjur ngetokne usus minangka tandha kanggo mbalekne jeneng apike sawisé ora ngrampungaké kwajiban utawa kanggo kapentingan warga. Seppuku jaman biyèn dilakoni déning samurai.[1] Seppuku ditulis nggae aksara kanji, yakuiu: 切 (kiru) karo 腹 (hara). Aksara kanji dingge kiru kenek diwaca setsu (pocapan Tionghoa) sing tegesé kethok, déné aksara kanji dianggo hara bisa diwaca fuku (ucapan Tionghoa) sing tegesé weteng.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/2b/Hara-kiri_by_Crepon_1867.png/640px-Hara-kiri_by_Crepon_1867.png)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/5d/Seppuku.jpg/640px-Seppuku.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/ec/Seppuku-2.jpg/640px-Seppuku-2.jpg)
Seppuku iku kagolong kodhe kaurmatan bushido, dilakoni kanthi sukarila déning samurai kang kepéngén mati kanthi kaurmatan tinimbang disiksa déning mungsuh, utawa wujud ukuman mati marang samurai kang nglakokaké pelanggaran abot, utawa nindakaké kelakuan kang ngisin-ngisini. Ritual ngethok weteng pas seppuku dilakoni ing ngarepe para saksi, samurai nancepake pedhang, racaké gawé tantō ing arah weteng, banjur diobahake ngethok weteng saka kiwa manengen.[2]