juru nembang saka Koréya Kidul From Wikipedia, the free encyclopedia
서주현 (Seo Joo-hyun) | |
---|---|
Pratélan latar wuri | |
Paraban | Seohyun (서현) Maknae, Seororo |
Saka | Seoul, Koréa Kidul |
Génre | K-pop, Dance-pop |
Mangsa akarya | 2004–present |
Labèl | SM Entertainment |
Sing magepokan | Girls' Generation (2007-sapunika) SM Town Route 0 (2002-2003) |
Sana jaringan | Official website
Signature of Seohyun |
Seohyun inggih punika salah satunggalipun anggota saking girl band Girls Generation saking Koréa Kidul. Seohyoen inggih punika putra tunggal ing kulawarga. Ing SNSD utawi Girls Generation, Seohyun inggih punika anggota kang paling meneng lan alim, jarang ngungkapaken amarah. Seohyeon (Seohyun) paling remen kalih stiker kodok, piyambakipun remen nempelaken stiker kodok ing kathah ruangan lan ing barang-barang anggota sapanunggalipun ing Girls Generation. Sapanunggaipun punika, Seohyeon (Seohyun) inggih punika satunggalipun anggota saking Girls Generation kang boten saged akting, uga punika rencang-rencangipun ngertos wekdal kang Seohyun nembé boten jujur.[2]
Karir Seohyeon (Seohyun) naté rilis solo kaliyan Jessica lan Tiffany, kapisan gadhah judhul "Oppa Nappa" basa Koréa: 오빠 나빠 lan kaping kalih judhul "Mabinogi(It's Fantastic!)" ingkang dipunagem dados tembang video game. Ing tanggal 17 Fèbruari 2009, Seohyeon (Seohyun) nyanyi duettrot kaliyan Joo Hyun-mi (feat.Davichi) judhulipun "JjaRaJaJja" basa Koréa: 짜라자짜.
Kalian Taeyeon, Jessica, Sunny, Sooyoung lan anggota Super Junior Leeteuk, Kyuhyun, Sungmin, Donghae, Ryeowook,Shindong, Eunhyuk, Yesung, Seohyeon (Seohyun) nyanyi tembang Seoul Song. Kanggé promosi Carribean Bay, Seohyeon (Seohyun) naté nyanyi tembang Cabi Song kaliyan Yoona, Yuri lan anggota boyband Koréa 2PM. Ing drama MBC Kim Soo Ro piyambakipunnate nyanyi solo soundtrack "It's Okay Even If It Hurts" basa Koréa: 아파도 괜찮아요. Singel punika dipunrilis tanggal 25 Juni 2010. Ing SMTown Live '10 World Tour piyambakipun duet spesial kaliyan member Super Junior inggih punika Kyuhyun kaliyan tembang "Call My Heart Out".[3]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.