Senyawa heterosiklik
From Wikipedia, the free encyclopedia
Senyawa heterosiklik utawi heterolingkar inggih punika séjenis sényawa kimia ingkang gadhah struktur cincin ingkang ngandut atom sanèsipun karbon, kados ta wlirang, oksigèn, utawi nitrogen ingkang péranganing cincin kasébut.[1] Senyawa-senyawa heterosiklik saged wujud cincin aromatik prasaja utawi cincin non-aromatik. Pintén-pintén tuladha inggih punika piridina (C5H5N), pirimidina (C4H4N2) lan dioksana (C4H8O2). Mbetahaken perhatosan senyawa-senyawa kados ta siklopropana lan sikloheksana boten senyawa heterosiklik. Senyawa mau namung sikloalkana. Prefiks 'siklik' ngrujuk ing struktur cincin, manawi 'hetero' ngrujuk ing atom senesipun karbon. Kathah senyawa heterosiklik ingkang manawi zat karsinogenik.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Kimia heterosiklik inggih punika cabang ngèlmu kimia ingkang berkutat kanthi eksklusif kaliyan sintesis, sipat-sipat, lan aplikasi heterolingkar.