![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/94/Bamboo_book_-_binding_-_UCR.jpg/640px-Bamboo_book_-_binding_-_UCR.jpg&w=640&q=50)
Seni Perang
From Wikipedia, the free encyclopedia
Seni Perang utawaThe Art of War iku sawijining ngèlmu perang sing asalé saka risalah militèr China kang tinulis rikala abad angka 6 sadurungé Masèhi déning Sun Tzu. Rinakit sajeroning 13 bab, saben bab ditujokaké marang salah siji aspek peperangan, lan wis suwé dianggep karya wigati lan mapan tumrap strategi lan taktik militèr.
Seni Perang | |||||||||||||
![]() The beginning of The Art of War, in a bamboo book from the reign of the Qianlong Emperor | |||||||||||||
Cina Padatan | 孫子兵法 | ||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Cina Prasaja | 孙子兵法 | ||||||||||||
Hanyu Pinyin | Sūnzĭ Bīngfǎ | ||||||||||||
Werdi literal | Sun Tzu's Military Strategy | ||||||||||||
| |||||||||||||
Seni Perang' minangka buku kang tuwa dhéwé bab strategi militèr ing donya. Kayadéné tulisan bab matématika utawa sains, karya iki uga diangkah kanggo mratélakaké konsèp wujud rangkéan rumusan. Buku iki minangka buku kang wiwitan lan paling suksès bab strategi lan duwé prabawa kang ngédap-édapi tumrap pamikiran militèr ing donya, taktik bisnis lan liya-liyané. Sun Tzu minangka wong kang pisanan ngakoni wigatining panggonan (posisi) sajeroning strategi lan posisi diprabawai déning kondhisi obyèktif sajeroning lingkungan fisik.lan pikiran subyèktif saka aktor-aktor saingan ana ing lingkungan iku mau. Pemikiran Sun Tsu ya iku yèn strategi dudu rencana wujud pratélan kang kudu dilakoni, nanging mbutuhaké rèspon rikat lan cukup kanggo ngrubah kondhisi. Recana sajeroning lingkungan kang kakontrol, nanging ana ing sajeroning lingkungan kang kompetitif, rencana kompetitif jumbuh karo nggawé situasi kang ora ana siji-aijia sing nggawé rencana.
Buku iki pisanan diterjemahaké menyang basa Éropah ing taun 1782 déning wong Prancis, Jesuit Jean Joseph Marie Amiot, lan mbokmanawa ana prabawané marang pemikiran Napoleon,[1] lan malah perencanaan Operation Desert Storm.[2][3] Para pamimpin kalebu Mao Zedong, Jenderal Pervez Musharraf, Vo Nguyen Giap, lan Jenderal Douglas MacArthur ngakoni yèn éntuk inspirasi saka buku iki.
The Art of War uga diterapaké, lan suksès ing donya strategi bisnis lan manajemen.[4][5]