Segara Abang
segara / From Wikipedia, the free encyclopedia
Sagara Abang (basa Indonésia: Laut Merah, Arab بحر الأحمر Bahrul-Ahmar; Ibrani ים סוף Yam Suf; Tigrinya ቀይሕ ባሕሪ QeyH baHri) iku lempongan ing sisih kulon Jazirah Arab kang misahaké bawana Asia karo Afrika. Jalur menyang sagara ing kidul ngliwati Babul Mandib lan Lempongan Aden déné ing sisih lor dumunung Ujung Sinai lan Terusan Suez. Sagara iki ing papan kang paling jembar ambané 300 km lan dawané 1.900 km kanthi titik paling jero 2.500 m. Sagara Abang uga dadi habitat tumrap manéka makluk banyu lan koral.