![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/6d/Scott_Joplin.jpg/640px-Scott_Joplin.jpg&w=640&q=50)
Scott Joplin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Scott Joplin (miyos Juni 1868, tilar donya 1 April 1917)[1] dumugi sapunika minangka musikus lan komponis ragtime ingkang paling kondhang. Piyambakipun ingkang netepaken standar ingkang samangke dipundhèrèki déning kathah tiyang.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/6d/Scott_Joplin.jpg/320px-Scott_Joplin.jpg)
Joplin miyos wonten ing Linden, Texas. Ibunipun inggih punika Florence Givins lan bapakipun Giles (kadang kala kaserat "Jiles") Joplin. Piyambakipun minangka putra angka kalih saking enem sadhérék. Sampun dangu, kathah tiyang ingkang mangertosi piyambakipun miyos rikala 24 November 1868, nanging panalitèn ingkang langkung déning sajarahwan ragtime Ed Berlin maringi bukti bilih punika lepat.