Sampo
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sampo iku jinising cuwèran, kaya sabun, kang nduwéni mupangat kanggo ngopèni kulit kang utama pangopènan kulit sirah saéngga bisa nglunturaké rereged (kotoran), kang digawé saka tetuwuhan.[1] Panggawéan ngresiki kulit sirah utawa rambut sok diarani kramas.[1] Kramas bisa uga tumuju kanggo ngrumat lan ngumbah rambut utawa kulit sirah supaya resik saka lenga , awu utawa rereged ana ing sirah amarga kagiyatan sadina-dina. Sajeroning pangertèn èlmiah sampo bisa dijabaraké kanggo nyadiakake kandhutan surfaktan kanggo mbuwang reged lan sruwa kang ana ing kulit utawa rambut sirah kanggo njaga kaséhatan