From Wikipedia, the free encyclopedia
Sami Khedira (Arab: سامي خضيرة; lair ing Stuttgart, Jerman, 4 April 1987; umur 37 taun) inggih punika juru main bal-balan saking Jerman.[1] Khedira dipunlairaken saking ibu katurunan Jerman lan rama keturunan Tunisia.[1][2] Sapunika Sami Khedira main ing tim nasional Jerman lan klub saking Spanyol, Real Madrid.[1]
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Sami Khedira | ||
Dhuwur | 1.89 m (6 ft 2 1⁄2 in) | ||
Posisi main | Glandhang | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Juventus F.C. | ||
Karir nom | |||
1995 – 2004 | VfB Stuttgart | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main (Gul) | |
2004 – 2006 2006 – 2010 2010 – 2015 2015 – saiki |
VfB Stuttgart II VfB Stuttgart Real Madrid C.F. Juventus F.C. |
21 (1) 98 (14) | |
Tim nasional‡ | |||
2007 – 2009 2009 – 2018 |
U-21 Jerman Jerman |
15 (5) 6 (0) | |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 16 Mèi 2010, 19.37 UTC. |
Khedira lair ing Stuttgart, saking rama ingkang asalipun saking Tunisia lan ibu saking Jerman.[1][2] Saderengipun main ing tim junior vfb Stuttgart ing taun 1995, Khedira main ing klub TV Oeffingen. Ing purwanipun mangsa 2006-2007, Khedira dipunpundhut déning klub vfb Stuttgart ingkang samika samanten dipunmanageri déning Armin Veh. Debut ingkang pisanan dipunlaksanakaken sasi Januari 2007.
Nalika tanggal 30 Juli 2010, Sami Khedira pindah dhateng klub Real Madrid kanthi status bébas transfer. Khedira gadhah nomer 24. Khedira miwiti debut ing Real Madrid nalika tanggal 13 Agustus 2010 nalika tandhing persahabatan kaliyan Bayern Munich, nalika samanten Real Madrid menang 4-2 kanthi adu penalti. Ing tim Real Madrid, Sami Khedira pikantuk Piala the Franz-Beckenbauer-Cup. Debutipun ing Liga Spanyol dipunwiwiti tanggal 29 Agustus, nalika Real Madrid mungsuh Mallorca. Tanggal 20 April 2011, Khedira pikantuk tropi Copa del Rey Spanyol, kanthi ngelukaken FC Barcelona.
'Sami Khedira Archived 2010-05-24 at the Wayback Machine.
Sami Khedira Archived 2010-05-24 at the Wayback Machine. Sami Khedira
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.