Samcheok
From Wikipedia, the free encyclopedia
Samcheok (삼척시) inggih punika satunggaling kutha ingkang wonten ing provinsi Gangwon, Koréa Kidul.[1] Kutha punika mapan wonten ing dhataran ingkang wonten ing sisih wétan pagunungan Taebaek lan pasisir Laut Wétan.[1] Kutha punika gadhah pelabuhan alami sarta objek wisata pasisir mawi pasir putih.[1] Kutha Samcheok punika dados tlatah tujuan wisata ingkang kondhang nalika mangsa panas, mliginipun amargi sesawangan pasisir lan sagaranipun ingkang éndah.[2] Penduduk Samcheok sapérangan ageng nyambut damel dados warigaluh, saéngga manéka asil sagara kalebet pakolèhan utami masarakat ing kutha mau.[1] Jinis pakolehan ingkang kathah piyambak punika nus lan manéka jinis ulam.[1][3] Kalih pelabuhan utami wonten ing Samcheok, inggih punika Jangho lan Imwon gadhah kathah kapal kanggé nyekel nus.[1]