Sajarah Batur Tukon
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sajarah Batur Tukon ya iku sajarah anané batur tukon kang nyrambahi budaya, bangsa, lan kapitayan (agama), saka jaman kuna nganti wektu saiki. Sanajan mangkono, posisi batur tukon sacara legal, sosial, lan ékonomi iku béda-béda miturut sistemé, papané lan wektuné.[1]
Batur tukon iki arang anané ing populasi kang dumadi saka populasi hunter-gatherer[2], amarga batur tukon iki tuwuh sangisore sistem tataran sosial (stratifikasi sosial)[3]. Batur tukon wiwit dilakokaké ing kauripan masarakat kang paling pisanan, (kaya ta Sumer ing Mésopotamia,[4] kang bisa ditlesih wektuné ing kala kawuri saka 3500 BC). Batur tukon uga kasebut ing Code of Hammurabi Mésopotamia (c. 1860 BC), kang dirujuk minangka sawijining institusi kang diyasa.[5] Batur tukon dadi umum sajroning Éropa nalikané Dark Ages lan terus tekan Jaman Tengahan. Perang antarané Bizantium lan Osmani (1265–1479) lan perang Osmani ing Éropah (abad ka-14 nganti abad ka- 20) kasil nawan batur tukon Kristen kanthi gunggung kang akèh. Wong Walanda, wong Perancis, wong Spanyol, wong Portugis, wong Inggris, wong Arab, lan saweneh krajan Afrika Kulon duwé peran kang wigati ing padagangan batur tukon ing wewengkon Atlantik, utamané sawisé 1600.
Sanajan batur tukon iku wis ora diéntukaké manèh ing saindenging donya (kajaba anané buruh tahanan),[6] pangedolan manungsa isih dadi masalah internasional, lan yèn diwetara, nganti taun 2013, wus ana udakara 25-40 yuta wong kang didadèkaké batur tukon, akèh-akèhé ing Asia.[7]
Antaraning taun Perang Sipil Sudan Kaloro ing taun 1983–2005, akèh wong kang didadèkaké batur tukon.[8] Bukti-bukti anané sistem batur tukon lan pangedolan bocah-bocah ing sawijining kebon kakao ing Afrika Kulon, nuli katon udakara ing taun 1990-an.[9] Batur tukon terus lumaku nganti abad ka-21. Sanajan Mauritania ndadèkaké batur tukon minangka sawijining tumindak kriminal ing sasi Agustus 2007,[10] audakara 600.000 wong, utawa 20% saka populasiné Mauritania, isih akèh kang didadèkaké budhak, lan akèh saka wong-wong iku kang dadi batur utang. [11]