![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/d1/2006JASGripen3JM.jpg/640px-2006JASGripen3JM.jpg&w=640&q=50)
Saab Gripen
From Wikipedia, the free encyclopedia
Saab JAS 39 "Gripen" (Griffin) ya iku pesawat tempur saka Swèdhen kang diprodhuksi déning Saab. Pesawat iki didol déning perusahaan Gripen International, salah sijiné joint venture antara Saab lan BAE Systems. Pesawat iki wis dienggo déning angkatan udara Swèdhen, Ceko, dan Hungaria,[1] sarta wis dipesan déning Afrika Selatan[2] dan Thailand.[3][4] Sajeroning ngrancang pesawat iki Saab milih désain kanard kang ora stabil. Kanard mènèhi pitch rate dhuwur lan hambatan kang endèk saéngga mungkinaké pesawat kanggo mabur luwih rikat, luwih adoh lan ngankut luwih akèh beban.
JAS 39 Gripen | |
---|---|
Tipe | Pesawat tempur multi-peran |
Produsen | Saab |
Pisanan mabur | 9 Dhésèmber 1988 |
Dikenalaké | 9 Juni 1996 |
Status | Aktif |
Pemakai | Swèdhen Hungaria Républik Céko |
Cacah digawé | 184 |
Rega satuan | US$ 25 juta (1998)US$ 45–50 juta (2006) |
Kombinasi swiwi delta lan Kanard mènèhi Gripen performa kang luwih apik sajeroning hal karakter mabur utawa lepas landas lan mendarat. Avionik kang total nyatu nggawé pesawat iki mampu di "program". Pesawat iki uga duwé perangkat perang elektronika internal, saéngga nggawéné mampu ngangkud beban maksimal tanpa ngorbanaké kemampuan perang elektroniké. Kemampuan kang dikarepake kanggo gripen saka awal ya iku mampu lepas landas saka landasan pacu kang dawane 800 mèter. Ing awal proyek iki, kabèh penerbangan kang dilakukan saka landasan Saab ing Linköping migunkake acuan salah sijiné "garis kotak" ukuran 9 m × 800 m kang dicat ing landasan pacu. Jarak pengereman uga dicendakake kanti nggedekake rem udara (migunakaké kontrol lumah kanggo menet pesawat marang arah ngisor, nggawe rem luwih bertenaga menet pesawat mengisor lan langkah sebanjure ya iku mutar kanard marang arah ngarep, ngubah kanard dadi rem udara kang gedhé, kanggo menet pesawat mengisor luwih sangar manèh.
kanggo jangka panjang Saab mempertimbangake kanggo migunakaké mesin kang luwih anyar kaya General Electric F414 utawa versi thrust-vectoring saka mesin EJ200 duwéne Eurofighter Typhoon utawa tanki bahan bakar tambahan utawa perpanjangan awak pesawat kanggo jarak tempuh kang luwih adoh.[5]