Ryoji Noyori
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ryoji Noyori (野依良治) (lair ing Kobe, Jepang, 3 Sèptèmber 1938; umur 85 taun) salah satunggaling kimiawan saking Jepang ingkang menangaken Bebungah Nobel babagan Kimia nalika taun 2001.[1]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Ryoji Noyori | |
---|---|
![]() | |
Lair | (1938-09-03) 3 Sèptèmber 1938 (umur 85) Kobe, Jepang |
Kabangsan | Jepang |
Babagan | Kimia |
Notable awards | Penghargaan Nobel dalam Kimia (2001) Penghargaan Wolf dalam Kimia (2001) Medali Emas Lomonosov (2009) |
Noyori pikantuk sepalih saking bebungah punika kaliyan William S. Knowles kanggé syudi babagan hidrogenasi ingkang dipunkatalisasikaken; ingkang sepalih, bebungah punika dipunparingaken dhateng Barry Sharpless kanggé studinipun babagan reaksi oksidasi ingkang dipunkatalisasikaken (Epoksidasi Sharpless).
Ryoji Noyori miyos wonten ing tlatah Kobe, Jepang. Piyambakipun kapéncut kaliyan kimia nalika yuswanipun nembé 12 taun, sasampuniun mirengaken presentasi babagan nilon. Piyambakipun ningali kekiyatan kimia nalika yuswanipun ngancik angka 12, sabibaripun mirengaken presentasi babagan nilon. Piyambakipun ningali kekiyatan kimia kados pundi dados kasanggupan kanggé "damel aji inggil saking ingkang meh boten wonten". piyambakipun dados murid wonten ing Universitas Kyoto, kerja minangka instruktur wonten ing salebeting kelompok riset Hotosi Nozaki sadrééngipun dipuntunjuk minangka lektor kepala wonten ing Universitas Nagoya. Sasampunipun karya pascadoktoral kaliyan E.J. Corey wonten ing Harvard piyambakipun wangsul malih dhateng Nagoya, lajeng dados guru besar nalika taun 1972. Piyambakipun ugi tetep wonten ing Nagoya, éwadéné wekdal punika Ryoji Noyori ugi pimpinan Riken Archived 2013-03-10 at the Wayback Machine., riset nasional wonten ing kathah papan ingkang dados prakarsa kaliyan anggaran belanja taunan $800 yuta.
Noyori gadhah raos pitados ingkang kiyat sanget wonten ing kekiyatan katalisasi lan kimia hijau; wonten ing artikel ingkang paling énggal piyambakipun ngandharaken pamadosan "keluwesan praktis wonten ing sintesis". Wonten ing artikel punika, piyambakipun nedahaken bilih "kemampuan kita kanggé manggihaken sintesis kimia ingkang blaka suta lan praktis dipunbetahaken sanget wonten ing kalangsungan gesangipun spésies kita sadaya." Wonten ing papan sanès piyambakipun sampun ngandharaken bilih "Riset inggih punika kanggé bangsa lan kamanungsan, sanès kanggé tiyang-tiyang ingkang nindakaken riset punika piyambak." Piyambakipun nyengkuyung para ilmuwan kanggé dados aktif kanthi pulitik ("Para panliti kedah macu pamanggih umum lan kawicaksanan pamaréntah dhateng arah pambangunan) sustainable society wonten ing abad ingkang kaping 21."[2]