![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/7/76/Ruth_Bader_Ginsburg_2016_portrait.jpg/640px-Ruth_Bader_Ginsburg_2016_portrait.jpg&w=640&q=50)
Ruth Bader Ginsburg
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ruth Bader Ginsburg (lair Joan Ruth Bader; 15 Maret 1933 - 2020)[1] ya iku sawijining pokrul lan juru ukum saka Amérikah Sarékat. Dhèwèké saiki ngayahi wajib minangka Hakim Agung ing Mahkamah Agung Amérikah Sarékat. Ginsburg diangkat déning Présidhèn Bill Clinton lan ngucap sumpah jabatan ing tanggal 10 Agustus 1993. Dhèwèké minangka hakim agung wanodya kaping loro (sawisé Sandra Day O'Connor) saka patang hakim agung wanodya sajroning sajarah AS (bebarengan karo Sonia Sotomayor lan Elena Kagan, kang padha-padha isih ngayahi wajib). Sawisé O'Connor pansiyun lan Sotomayor gabung pangadilan, nuli ora ana hakim agung wanodya ing Mahkamah Agung AS kajaba namung Ginsburg. Sasuwéné iku, Ginsburg kondhang awit panemuné kang kerep gèsèh karo hakim agung liyané. Banjur dhèwèké misuwur ing kalangané pangemat ukum lan sajroning budaya populèr awit pandengané kang liberal.
Ruth Bader Ginsburg | |
---|---|
![]() | |
Associate Justice of the Supreme Court of the United States | |
Wiwit linggih August 10, 1993 | |
Ditanggenah | Bill Clinton |
Kang sadurungé | Byron White |
Judge of the United States Court of Appeals for the District of Columbia Circuit | |
Linggih June 30, 1980 – August 9, 1993 | |
Ditanggenah | Jimmy Carter |
Kang sadurungé | Harold Leventhal |
Kang sawisé | David Tatel |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Joan Ruth Bader (1933-03-15) Maret 15, 1933 (umur 91) Brooklyn, New York City, U.S. |
Sisihan | Martin Ginsburg (o. 1954; died 2010) |
Anak |
|
Wiyata | Cornell University (BA) Harvard University (attended) Columbia University (JD) |
Tandha tangan | ![]() |