From Wikipedia, the free encyclopedia
Rudolf Otto (25 September 1869 - 6 Maret 1937) inggih punika satunggalipun teolog Protèstan lan pakar perbandingan agama ingkang misuwur. Panjenenganipun asalipun saking Jerman.[1]
Otto dipunlairaken ing Peine caket kaliyan Hanover. Panjenenganipun sinau ing Gymnasium Adreanum ing Hildesheim lajeng nglajengaken studinipun ing Universitas Erlangen lan Göttingen.[1] Saking universitas punika Otto pikantuk gelar dhoktor (kanthi disertasi babagan Luther) lan habilitasinipun babagan Kant.[1] Taun 1906, Otto angsal gelar profesor luar biyasa, lan taun 1910 Otto pikantuk gelar dhoktor kehormatan saking Universitas Giessen.[1] Taun 1915, panjenenganipun dados profesor jangkep ing Universitas Breslau, lan ing taun 1917, ing Sekolah Teologi Universitas Marburg, ingkang ing wekdal punika dados salah satunggalipun seminari Protèstan ingkang paling misuwur ing donya.[1] Sanajang Otto pikantuk undhangan sanèsipun, Otto tetep manggèn ing Marburs ngantos tilar donya. Panjenenganipun pensiun taun 1929 lan tilar donya wolung taun salajengipun, kadosipun amargi infeksi malaria.[1] Panjenenganipun dipunmakamaken ing Marburg.[1]
Karya Otto ingkang misuwur inggih punika The Idea of the Holy (Gagasan tentang Yang Kudus) (terbit sepisanan taun 1917 minangka Das Heilige), inggih punika salah satunggalipun buku teologi Jerman abad ke-20 ingkang paling sukses.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.