Rudianto Soedjarwo (lair ing Bogor, Jawa Kulon, 9 Novèmber 1971; umur 52 taun)[1] iku salah sijiné sutradara kang asalé saka Indonésia.[1] Rudi Sudjarwo iku anaké Anton Soedjarwo (Kapolri 1982-1986).[1]

Sunyata Rikat Pakaryan, Taun aktif ...
Rudi Sudjarwo
Thumb
Pakaryansutradara
Taun aktif1997-saiki
Wong tuwaAnton Soedjarwo
Tutup

Karir

Rudi Soedjarwo mèlu mrakarsai ing ngadegé indhustri pafileman Indonésia sawisé wis suwé rada kurang ngrembaka.[1] Rudi Sudjarwo dikenal dadi sutradara kang bisa yasa filem kang duwé genre remaja.[1] Kawiwitan saka filem kang judhulé Ada Apa dengan Cinta?.[1] Film iki kalebu filem kang misuwur.[1] Film iki uga kang nggawé jeneng Dian Sastrowardoyo kang dadi juru main wadon ing filem iku sangsaya misuwur.[1] Rudi Sudjarwo éntuk bebungah wujud Piala Citra ing kompetisi Fèstival Film Indonésia (FFI) nalika taun 2004.[1] Saliyané iku, Rudy Sudjarwo uga dadi sutradara paling apik.[1]

Saliyané makarya lan ngembangaké bakaté kanthi nggawé filem, Rudi Sudjarwo uga mulang ing Reload Film Center.[1] Reload Film Center iku sekolah filem kang dibangun Rudi Sudjarwo bareng karo Monty Tiwa.[2]

T2 kang duwé anggota Tika lan Tiwi tau nolak tawaran main filem saka sutradara Rudi Sudjarwo.[3] Tika lan Tiwi nolak amarga filem kang ditawakaké kalebu filem horor.[3]

Pendhidhikan

Pendhidhikan Rudi Sudjarwo.[1]

  • SD Tarakanita Jakarta (1981)
  • SMP Tarakanita Jakarta (1987)
  • SMA Gonzaga Jakarta (1990)
  • San Diego State University (babagan manajemen, 1994)
  • Academy of Arts College San Francisco (1996)

Prèstasi

Prestasi Rudi Sudjarwo.[1]

  • Sutradara Paling Apik JIFFEST 2006 (Jakarta International Film Festival)
  • Sutradara Paling Apik piala Vidia di FFI 2006, kanggo Ujang Pantry 2
  • Sutradara Paling Apik Fèstival Film Indonésia 2004
  • Sutradara Paling Apik Fèstival Film Internasional Bali 2004, kanggo filem Mengejar Matahari

Filmografi

Film kang dibintangi Rudi Sudjarwo.[1]

  • Bintang Jatuh (2000)
  • Tragedi (2001)
  • Ada Apa dengan Cinta? (2002)
  • Rumah Ketujuh (2003)
  • Mengejar Matahari (2004)
  • Tentang Dia (2005)
  • 9 Naga (2005)
  • Mendadak Dangdut (2006)
  • Ujang Pantry 2 (2006)
  • Pocong (2006)-dilarang beredar
  • Pocong 2 (2006)
  • Mengejar Mas-Mas (2007)
  • Cintapuccino (2007)
  • 40 Hari Bangkitnya Pocong (2008)
  • In the Name of Love (2008)
  • Liar (2008)
  • Sebelah Mata (2008)
  • Hantu Rumah Ampera (2009)
  • Batas (2011)

Cathetan sikil

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.