kategori Wikimedia From Wikipedia, the free encyclopedia
Romain Grosjean (pocaping cara Prancis: [ʁomɛ̃ gʁoʒɑ̃], lair ing Jenewa, Switserlan, 17 April 1986; umur 38 taun) inggih punika satunggaling pembalap mobil ingkang miyos ing Switserlan ingkang sapunika mandhap ing balapan kanthi béla bendera Perancis,[1] ing pundi sapunika piyambakipun gadhah kalih kewarganegaraan (Switserlan lan Perancis).[2][3] Debut Grosjean ing ajang F1 dipuwiwiti ing GP Éropa 2009. Piyambakipun nggantosaken posisi Nelson Angelo Piquet ingkang dipunpecat déning tim Renault. Sadèrèngipun dados pembalap penuh, Grosjean minangka test driver resmi tim Renault, lan piyambakipun ugi minangka juara F3 Euroseries 2007 lan juara GP2 Asia Series. Kanggé mangsa 2011, Grosjean mandhap ing ajang GP2 Series lan kasil dadis juara umum. Wonten ing mangsa 2012 Grosjean wangsul dhateng F1 sesarengan kaliyan tim Lotus Renault GP lan dados kanca satunggal tim Kimi Raikkonen.[4]
Romain Grosjean | |
---|---|
Lair | Jenewa, Switserlan | April 17, 1986
Sejarah karier dalam ajang Formula Satu | |
Kewarganegaraan | French |
Jumlah lomba | 26 |
Juara dunya | 0 |
Menang | 0 |
Podium | 3 |
Total poin | 96 |
Posisi pole | 019 |
Lap tercepat | 0 |
Balapan Kapisanan | Grand Prix Éropa 2009 |
Balapan Pungkasan | Cithakan:Latest F1GP |
Klasemen 2012 | Posisi 8 (96 poin) |
Grosjean minangka salah satunggal pembalap saking program Renault Driver Development Program.[5] Miwiti karièr single seateripun ing taun 2003, Grosjean ingkang nalika punika mandhap balapan wonten ing Formula Renault Switserlan langsung menangaken 10 balapan ing mangsa debutipun. Piyambakipun lajeng pindhah dhateng ajang Formula Renault Perancis taun 2004 lan kasil mapan ing posisi 7 klasemèn akir kanthi kasil satunggal kamenangan kémawon. Taun 2005 piyambakipun dados juara umum kanthi cacah 10 kemenangan. Grosjean ugi tampil wonten ing Formula Renault Eurocup lan saged finish podium kaping satunggal.
Grosjean lajeng pindhah dhateng ajang F3 kanthi debutipun wonten ing Macau. ing pundi wonten ing balapan debutipun mau piyambakiun suksès finish angka 9 sasampuning start saking P19. Taun 2006 piyambakipun balapan penuh wonten ing ajang F3 Euroseries lan kasil kaping satunggal finish podium. Piyambakipun ugi mandhap ing F3 Inggris lan ngasilaken kasil gemilang ing Pau kanthi menangaken lomba saking pole lan ugi nyathet fastest lap.
Piyambakipun lajeng tetep ing ajang F3 Euroseries taun 2007 sadèrèngipun minggah dhateng ASM Formule 3 ing pundi Jamie Green, Lewis Hamilton, lan Paul di Resta sadèrèngipun kasil menangaken ajang mau. Wonten ing mangsa debutipun, Grosjeankasil minggah dhateng puncak klasemèn sasampuning menangaken lomba kanthi spektakuler ing Mugello kanthi ngawonaken pimpinan klasemen Sébastien Buemi.[6] Salajengipun ing akir mangsa, Grosjean saged dados juara umum kanthi nyisakaken satunggal balapan. Grosjean ugi kasil pikantuk pole ing F3 Zolder, nanging nalika lomba piyambkipun kedah prasaja wonten ing P14 amargi mesinipun macet nalika start.[7]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.