From Wikipedia, the free encyclopedia
Roger Ebert (/[unsupported input]ˈiːbərt/) (lair ing Urbana, Illinois, Amérikah Sarékat, 18 Juni 1942 – pati ing Chicago, Illinois, AS, 4 April 2013 ing umur 70 taun) iku sawijining jurnalis, kritikus filem, lan panulis naskah asal Amérikah Sarékat. Dhèwèké wujud kritikus filem kanggo Chicago Sun-Times wiwit 1967 tekan patiné.[2] Nalika taun 1975, dhèwèké iku kritikus filem pisanan sing menangaké Bebungah Pulitzer kanggo Kritik.[3] Per 2010, kolom-kolomé terbit ing punjul 200 layang kabar ing Amérikah Sarékat lan manca nagara. Ebert uga wis nulis punjul 20 buku lan sapérangan kumpulan ulasan filemé.
Roger Ebert | |
---|---|
Lair | Roger Joseph Ebert 18 Juni 1942 Urbana, Illinois, AS |
Pati | April 4, 2013 70) Chicago, Illinois, AS | (umur
Pakarya | Panulis Jurnalis Sajarawan filem Kritikus filem Panulis naskah |
Basa | Inggris |
Bangsa | Amérikah Sarékat |
Wiyata | Urbana High School |
Almamater | University of Chicago, University of Illinois at Urbana-Champaign |
Mangsa | 1967–2013 |
Subyèk | Film |
Karya gedhé | The Great Movies The Great Movies II Beyond the Valley of the Dolls Life Itself: A Memoir |
Bebungah utama | Bebungah Pulitzer kanggo Kritik |
Bojo | Chaz Hammelsmith Ebert[1] (July 18, 1992 – April 4, 2013) (his death) |
Situs jaringan | |
http://www.rogerebert.com/ |
Ebert lan kritikus saingané, Gene Siskel, mbiyantu mopulèraké métodhe ngulas filem sing disiyaraké kanthi nasional sawisé kaloroné mandhu adicara Sneak Previews ing PBS. Adicara iki banjur diterusaké mawa sapérangan program At the Movies. Kaloroné asring guyon nalika rembugan babagan filem. Kaloroné ngripta lan matènké ukara "Two Thumbs Up" sing dianggo nalika kaloroné mènèhi ulasan positif marang sawijining filem. Sawisé Siskel séda taun 1999, Ebert wiwit nyambut gawé bebarengan karo Richard Roeper. Nalika taun 1999, dhèèwèké wiwit nganakaké fèstival filem taunané dhéwé, Ebertfest. Taun 2005, Ebert dadi kritikus filem pisanan sing dianugrahi lintang ing Hollywood Walk of Fame.[3]
Sawisé nandhang komplikasi pasca-bedhah wujud kanker tiroid nalika taun 2006 sing njalari Ebert angèl omong, dhèwèké wiwit aktivitas lumantar internèt lan éntuk akèh pangirid. Ebert tilar donya nalika tanggal 4 April 2013 sawisé berjuwang suwéné 11 taun nglawan kanker.[1]
Neil Steinberg saka Chicago Sun-Times nyebut Ebert "tanpa gojak-gajek sithik waé kritikus filem paling duwé prabawa lan paling wigati ing Amérikah Sarékat",[1] Tom Van Riper saka Forbes nyebut dhèwèké minangka "komentator paling duwé prabawa ing Amérikah Sarékat",[4] lan Kenneth Turan saka Los Angeles Times njuluki dhèwèké "kritikus filem paling misuwur ing Amérika".[5]
Ebert wis nyusun pratélan filem "paling apik taun iki" wiwit 1960-an sing mesthi didadèkaké pathokan pambijian préferènsi kritiké.[6] Film-filem pilihané ya iku:
Saben taun wiwit 1999, kejaba taun 2008, Ebert nerbitaké Roger Ebert's Movie Yearbook, ya iku kumpulan kabèh ulasan filemé saka loro setengah taun sadurungé (upamané, èdhisi 2011, ISBN 978-0-7407-9769-9, nyakup périodhe Januari 2008 – Juli 2010), sarta ésai lan tulisan liya. Dhèwèké uga nulis buku-buku iki:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.