Robert Huth
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Robert Huth (lair ing Biesdorf, Berlin Timur, Jerman Timur, 18 Agustus 1984; umur 41 taun) ya iku salahsijiné juru main bal-balan profèsional tekaJerman sing main dadi bèg kanggo Leicester City ndhik Liga Utama Inggris. Piyambaké disilihné teka Stoke City.
Huth miwiti kariré ndhik akademi klub Union Berlin. Ndèk taun 2001, piyambaké gabung ana ing akademi Chelsea lan bisa nembus ana ing skuat utama ndhik taun 2002. Huth sabanjuré gabung karo Middlesbrough ndhik taun 2006. Ndèk wulan Agustus 2009, piyambaké gabung karo Stoke City lan rega transferé nganti £5 juta.[3]
Huth uga dadi bagiané Jerman wiwit taun 2004. Piyambaké dadi bagiané tim Jerman ndhik Piala Konfederasi FIFA 2005 lan Piala Dunia FIFA 2006. Nganti wulan Juni 2009, Huth wis tampil ping 19 lan gawé 2 gol kanggo timnas Jerman.
Remove ads
Prestasiné
- Chelsea
- Liga Primer Inggris: 2004–05, 2005–06
- Piala Liga Primer Asia: 2003
- Stoke City
- Piala FA
- Juwara 2: 2010
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads
