![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a8/DerbyMuseumAndLibraryin1900.jpg/640px-DerbyMuseumAndLibraryin1900.jpg&w=640&q=50)
Richard Knill Freeman
From Wikipedia, the free encyclopedia
Richard Knill Freeman (1840, Stepney, London – 24 Juni 1904[1]) inggih punika arsitèk Inggris ingkang miwiti kariripun ing Derby lajeng pindhah dhateng Bolton, Lancashire nalika pungkasan taun 1860-an.[1] Karyanipun mawi gagrag Gothik Victoria lan nedahaken usum arsitèktur Gothik Inggris saking mangsa pungkasan arsitèktur abad tengahan. Saged dipunpirsani ing sapérangan kutha ing laladan lèr Inggris.[2] Richard Knill Freeman nggarap kirang langkung 140 yasan, lajeng saparo saking punika taksih wonten sapunika kanthi manéka wujud.[3] Freeman punika anggota saking Manchester Society of Architects lan dados ketua ing taun 1890-1891.[3]
Sunyata Rikat Bangsa, Bebungah ...
Richard Knill Freeman | |
---|---|
Bangsa | Inggris |
Bebungah | Kompetisi Musiyum Widya lan Seni, Dublin 1882 |
Karya | |
Bangunan | Gréja Holy Trinity, Blackpool Gréja Anglkan St. Andrew, Moskow Musiyum lan Gladri Seni Derby |
Tutup
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a8/DerbyMuseumAndLibraryin1900.jpg/320px-DerbyMuseumAndLibraryin1900.jpg)