![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/ea/Arkwright_Richard_1790.jpg/640px-Arkwright_Richard_1790.jpg&w=640&q=50)
Richard Arkwright
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sir Richard Arkwright (lair ing Preston, Lancashire, 23 Dhésèmber 1732 – pati ing Cromford, Derbyshire, 3 Agustus 1792 ing umur 59 taun), punika tiyang Inggris ingkang sanajan patènipun boten dipunakoni asring dipunregani minangka ingkang manggihaken mesin pamintal (spinning frame ingkang lajeng dipunnamani malih dados water frame) lan mesin pamintal mawi tenaga toya bibar ngliwati éwah-éwahan dhateng tenaga toya. Piyambakipun ugi damel patèn mesin carding ingkang saged ngéwahi kapas mentah dados bolah. Satunggaling tiyang ingkang remen damel karya, piyambakipun punika wiraswasta kondhang saking Revolusi Industri. Gegayuhan Arkwright punika nggabungaken tenaga, mesin, buruh setengah kadidik lan bahan énggal kapas supados dipundamel produksi kanthi ageng dados bolah, langkung saking satunggal abad sadèrèngipun Ford. Kesagedan anggènipun ngorganisasi ndaosaken Richard Arkwright langkung tinimbang tiyang sanès, ingkang manggihaken sistem pabrik modhèren mliginipun pamintalan ing Cromford.
Richard Arkwright | |
---|---|
![]() Richard Arkwrightd déning Joseph Wright | |
Lair | (1732-12-23)23 Dhésèmber 1732 Preston, Lancashire, Inggris |
Pati | 3 Agustus 1792(1792-08-03) (umur 59) Cromford, Derbyshire, Inggris |
Derbyshire | |
Bangsa | Inggris |
Wiyata | Sianu maos lan nyerat saking ponakanipun, Ellen Arkwright |
Pakaryan | Penemu, cikal bakal indhustri pamintalan |
Kondhang ing | Mesin pamintal Mesin pamintal mawi tenaga toya Piranti carding |
Sing nerusi | Richard Arkwright Junior |
Bojo | Patience Holt nanging bibar séda Margaret Biggins |
Anak | Richard Arkwright Junior, Susanna Arkwright |