Bolah
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bolah (basa Indonésia:Benang) iku sawijiné serat kang dawa, dipigunakaké kanggo nggawé kain, kanggo njait, crochering, knitting utawa rajutan, kanggo nenun, lan nggawé tali.[1] Bolah digawé saka fiber sintètik utawa bahan kang alami.[1] Bolah digawé saka warni-warni fiber alami kaya ta wol, alpaca, wol Angora, katun, sutra, pring, hemp, lan soy.[1] Bolah ana uga kang digawé saka wulu onta, yak, possum, kucing, kirik, asu alas, kelinci, kebo, lan wulu kalkun.[1] Bolah kang didol lumrahé digawé saka fiber sintètik utawa campuran saka fiber sintétik utawa alami.[1].