From Wikipedia, the free encyclopedia
Regulus (α Leo / α Leonis / Alpha Leonis) yaiku lintang ingkang padhang piyambak ning rasi Leo lan kagolong lintang kang cemerlang ning langit nalika bengi. Lintang iki ana ning jarak 77.5 taun cahya saka Bumi. Regulus kagolong ning sistem multi bintang tuladhané liyané yaiku papat lintang kang nggabung ning rong pasang bintang. Regulus A yaiku lintang biru keputihan lan pasanganné kang durung diteliti, bisa baé bintang katai putih (white dwarf).[1] Ing ngarepé Regulus A ana pasangané yaikuRegulus B lan Regulus C, kang kagolong lintang remeng.
Dhata pangamatan Epos J2000 | |
---|---|
Rasi lintang | Leo |
Asensio rekta | A: 10h 08 min 22.3sBC: 10h 08 min 12.8/14s |
Dhéklinasi | A: +11° 58' 02"BC: +11° 59' 48" |
Magnitudo katon (V) | 1.35/8.14/13.5 |
Ciri-ciri | |
Kelas spektrum | B7 V/K1-2 V/M5 V |
Indèks warna U-B | −0.36/0.54 |
Indèks warna B-V | −0.11/0.87 |
Jinis variabel | Slightly |
Astrometri | |
Kacepetan radhial (Rv) | +5.9 km/s |
Gerak dhiri (μ) | RA: 249 mas/taun Dek.: 2 mas/taun |
Paralaks (π) | 42.09 ± 0.79 mas |
Let | 77 ± 1 tc (23.8 ± 0.4 pc) |
Magnitudo mutlak (MV) | −0.52/4.2/9.5 |
Detail | |
Massa | 3.5/0.8/0.2 M☉ |
Radhius | 3.15–4.15/0.5/? R☉ |
Luminositas | 150/0.31 L☉ |
Suhu | 10,300–15,400/? K |
Rotasi | 315 km/s. (15.9 hours)/? |
Umur | 5 × 107 taun |
Pamènèhan jeneng liya | |
Alpha Leonis, 32 Leo, Cor Leonis, Basilicus, Lion’s Heart, Rex, Kalb al Asad, Kabeleced, GJ 9316, HR 3982, BD +12° 2149/2147, HD 87901/87884, GCTP 2384.00, LTT 12716/12714, SAO 98967/98966, FK5 380, HIP 49669, TD1 14585. | |
Réferènsi database | |
SIMBAD | data
|
Regulus ana ing garis ekliptik, lan bakal nglakoni okultasi reguler karo Bulan. Okultasi karo Merkurius lan Venus uga bisa kedaden nanging jarang. Okultasi Regulus déning planit Venus kedaden nalika tanggal 7 Juli 1959. Okultasi sawisé iku dikira-kira bakal kedaden ing tanggal 1 Oktober 2044. Matahari tekan ing titik paling cedhak karo Regulus nganti tanggal 23 Agustus nggal taun.
Regulus duwé massa 3.5 kali Matahari lan kagolong lintang kang umuré esih enom, yaiku kira-kira pirangatus yuta taun. Lintang iki mubengé rikat banget, yaiku 15.9 jam, njalari brubahé warna kang rikat.[2]
Regulus A yaiku lintang kang cemerlang ning langit nalika bengi karoan magnitudo kang nengsemaké. Regulus B kagolong lintang katai kelas K2 kang katon luwih remeng dibandingaké karo komponèn A. Komponèn akir, Regulus C, yaiku lintang abang cilik lan paling remeng ning watarané telung komponèn sarta saiki lintang iki lagi prosès obeservasi
Rēgulus asalé saka basa Latin kang artiné pangeran utawa raja cilik. Masarakat Yunani nyebuté Basiliscus kang artiné pada. Jeneng liyané kanggo bintang iki yaiku:
jeneng liya | asal basa | artiné |
---|---|---|
Qalb Al Asad, Kabelaced / Cor Leōnis | Arab / Latin | jantung (sang singa) |
Rex / Malikiyy | Latin / Arab | raja |
軒轅十四 / Xuanyuanshísì | China | lintang kaping patbelas saka rasi Xuanyuan[3] |
軒轅大星 / Xuanyuandàxīng | China | bintang besar ning rasi Xuanyuan[4] |
皇后 / Huánghòu | China | (bintang) kang berkuasa lan nyumunar[4] |
女主 / Nǚzhu | China | pelayan wanita [4] |
Saliyané rasi Leo, lintang iki uga kagolong anggota saka rasi utawa asterisma:
jeneng rasi / asterisma | asal | artiné | anggota liyané |
---|---|---|---|
軒轅十 / Xuanyuan | China | Xuanyuan | 10 UMa, HD 77912, 38 Lyn, α Lyn, 15 Leo, κ Leo, λ Leo, ε Leo, μ Leo, ζ Leo, γ Leo, η Leo, ο Leo, ρ Leo, 31 Leo |
Sickle | sabit | γ Leo, ε Leo, ζ Leo, η Leo, μ Leo | |
Al Jabhah | Arab | kepala pérangan depan | γ Leo, ζ Leo, η Leo, μ Leo |
Magha (मघा) | (agama) Hindhu | kang agung | ora ana |
UR.GU.LA | Mesopotamia | raja | tidak ada |
Sky Dragon[5] | naga di langit | α Aql, α Aur, α Boo, α CMa, α CMi, α Cyg, β Gem, α Gem, α Lyr, β Or, α Or, α PsA, α Sco, α Tau, α Vir |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.