From Wikipedia, the free encyclopedia
Rahadi Zakaria, S.I.P., M.H. (lair ing Purworejo, Jawa Tengah, 13 Fèbruari 1953 – pati ing Semarang, Jawa Tengah, 8 Oktober 2014 ing umur 61 taun) inggih punika salah satunggalipun sastrawan ingkang misuwur ugi minangka pulitikus saking Indonesia. Rahadi naté kapilih minangka anggota Dewan Perwakilan Rakyat Republik Indonesia kala mangsa 2009 dumugi 2014 ing Fraksi Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan, dados dutaning tlatah Jawa Kilen VII; (Kabupatèn Bekasi, Kabupatèn Karawang, lan Kabupatèn Purwakarta). Ing jagat kasusastran Indonesia, namanipun kacathet minangka salah satunggal tiyang ingkang mandhégani ngadegipun Komunitas Negeri Poci sesarengan Piek Ardijanto Soeprijadi, Handrawan Nadesul, Adri Darmadji Woko, Eka Budianta, Kurniawan Junaedhie (1993)[1]
Rahadi Zakaria lair ing Kabupatèn Purworejo, Jawa Tengah, tanggal 13 Fèbruari 1953. Miwiti pedamelanipun minangka juru warta.[2] Sinaosa ngayahi jejibahan minangka anggota dhéwan, Rahadi Zakaria taksih ngalodhangaken wekdal saperlu nglairaken pakaryan awujud carita cekak lan geguritan. Awit taksih nèm, pakaryanipun sampun dipunmot wonten sawenèh ariwarta lan kalawarta antawisipun Dharma Nyata, Kumandang, Sekar Jagad, Sinar Harapan, Suara Karya, Berita Yudha, Kawanku, Tomtom, Kucica, SKM Simponi, SKM Swadesi, Majalah Dewi, lan sanèsipun. Awit saking kaprigelanipun ing kancah kausastran, piyambakipun asring dipuntimbali minangka pawicara wonten ing seminar, utawi narasumber wonten ing televisi.[3]
Rahadi Zakaria séda dinten Rebo, 8 Oktober 2014 tabuh 14:30 WIB ing griya sakit Telogorejo Semarang awit saking gerah jantung. Wulan Januari 2015, para panggurit saking sakpérang kutha sami makempal wonten ing Pusat Dhokumentasi Sastra H.B. Jassin saperlu mèngeti sédanipun Rahadi Zakaria kanthi mbabaraken satunggalipun buku kempalan geguritan kanthi judhul Negeri Rahadi.[4][5]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.