RMS Titanic
From Wikipedia, the free encyclopedia
RMS Titanic ya iku kapal penumpang darbèné White Star Line.[1] Titanic diyasa ing galangan kapal Harland and Wolff ing Belfast, Irlandia Lor. Titanic didésain kanggo nyaingi kapal RMS Lusitania lan RMS Mauretania duwèké Cunard Line.[1] Titanic, digawé bareng karo kapal kembaré ya iku RMS Olympic.[1] Kapal Titanic iku minangka salah siji saka telu kapal kelas Olympic, ya iku RMS Titanic, RMS Olympic lan Britannic.[1] Britannic jenengé kang sapisan ya iku Gigantic, jeneng iki duwé ancas supaya dadi kapal kang paling apik lan gedhé dhéwé ing donya.[1] Kapal Titanic digawé lan dibayari déning wong sugih ing Amérika kang jenengé J.P. Morgan lan parusahan International Mercantile Marine Co.[1] Titanic digawé tanggal 31 Maret 1909.[1] Awaké kapal Titanic dadi tanggal 31 Mèi 1911, lan kabèh ubarampéné dadi tanggal 31 Maret 1912.[1]
Titanic dianggep dadi puncak arsitèktur lan duwé tèknologi kang canggih.[1] Titanic dianggep kapal kang ora bakal ambles ing sagara déning kalawarti Ship Builders.[1] Titanic dadi kapal uwab kang gedhé dhéwé ing jamané.[1]
Nalika berlayar kang sepisanan Titanic nabrak gunung ès nalika jam 23:40 wektu kapal tanggal 14 April 1912 lan ambles ing njero sagara kurang luwih jam 02:20 ésuk nalika dina Senèn.[1]
Kapal Titanic kang kèrem ing tengah Samodra Atlantik dadi sambékala sagara kang gedhé dhéwé sajeroning sajarah.[2]
Nalika jaman semana, Titanic migunakaké tèknologi paling maju, saéngga wong ora percaya yèn Titanic bakal bisa kèrem.[2] Rong jam sawisé Titanic ambles, kapal Carpathia teka lan nylametaké wong-wong kang isih urip.[2] Ing gladhak kapal Carpathia dianakaké donga mirunggan kanggo ndongakaké wong-wong kang dadi kurban, lan nalika jam 08:50 ésuk, kapal Carpathia lumaku tumuju New York lan tekan New York tanggal 18 April 1912.[2]
Nalika santunan jiwa diwènèhaké, White Star Line nyéwa kapal MacKay-Bennett kanggo ngévakuasi jisim.[2] Cacahé jisim kang tinemu 338 wong.[2] Jisim mau akèh-akèhé diévakuasi ing Halifax, Nova Scotia, nanging jisim kang ora ditepungi dikuburaké ing Pasaréyan Fairview.[2]