![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/e3/3_Resistors.jpg/640px-3_Resistors.jpg&w=640&q=50)
Résistor
From Wikipedia, the free encyclopedia
Résistor inggih punika komponèn èlèktronik kalih saluran ingkang dipundesain kanggé nahan arus listrik, kanthi mrodhuksi mandhapipun tegangan listrik ing antawisipun kalih saluran, miturut kaliyan arus ingkang mili ing résistor, manut kaliyan hukum Ohm:[1][2]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/e/e3/3_Resistors.jpg/640px-3_Resistors.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f8/Resistors_%281%29.jpg/220px-Resistors_%281%29.jpg)
Résistor dipun-ginakaken minangka pérangan saking jejaring èlèktronik lan sirkuit èlèktronik, lan kalebet salah satunggalipun komponèn ingkang asring dipun-ginakaken.[1] Résistor saged dipundamél saking manéka warni komponèn lan filem, ngantos kawat résistansi (kawat ingkang dipundamel saking paduan résistivitas ingkang inggil kados nikel-kromium).[1] Karakterristik utami résistor inggih punika résistansinipun lan daya listrik ingkang saged dipunborosaken.[1] Karakteristik sanèsipun kalebet koefisién suhu, desah listrik, lan induktansi.[1]
Résistor saged dipunintegrasikaken dhateng sirkuit hibrida lan papan sirkuit cétak, ngantos sirkuit terpadu.[1] Ukuran lan panggènan suku (sikil) manut kaliyan desain sirkuit, résistor kedah cekap agengipun miturut fisik supados boten dados panas sanget lan dados boros dayanipun.[1]