![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/89/Barbed_Wire%252C_SC%252C_Victoria%252C_15.9.2007.jpg/640px-Barbed_Wire%252C_SC%252C_Victoria%252C_15.9.2007.jpg&w=640&q=50)
Kawat
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kawat yaiku bahan kang digawé saka logam kang dawa.[1] Kawat kalebu bahan kang bisa dadi penghantar listrik utawa diarani konduktor.[1] Kawat nduwéni warna-warna wujud lan ukuran.[1] Kawat kang digunanaké kanggo kondhuktor listrik lumrahé dibungkus kulit kang digawé saka karèt.[1] Kawat kang dibungkus karét diarani kabel.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/89/Barbed_Wire%2C_SC%2C_Victoria%2C_15.9.2007.jpg/640px-Barbed_Wire%2C_SC%2C_Victoria%2C_15.9.2007.jpg)
Kawat nduwéni ukuran lan bwangun kang warna-warna miturut gunané.[1] Ana kawat kang ukuran dhiaméteré cilik nganti gedhé.[1] Ana uga kawat kang polosan lan ana uga kawat kang ana eriné.[1] Kawat racaké dhapuré kaya tali kang digawé saka logam.[1]
Kawat uga bisa dienam lan digawé reca.[2] Kaya ta patung kang digawé pematung Italia kang jenengé Mattia Trotta.[2] Reca iki digawé saka kawat waja.[2]