![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/fd/Ballpoint-pen-parts.jpg/640px-Ballpoint-pen-parts.jpg&w=640&q=50)
Pulpèn
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pulpén (basa Inggris: ballpoint) punika salah satunggalipun piranti kanggé nyerat, wujudipun kados potlot utawi pénsil.[1] Pulpén populér amargi mirah lan gampil anggènipun ngginakaken. Wiwitanipun pulpen ingkang kawitanipun dipundamel saking wulu banyak.[1] Wiwitanipun piranti kanggé nyerat punika inggih punika pena lan mangsi ingkang dipunangge kanthi piyambak-piyambak (kapisah).[1] Wulu ingkang dipunangge ing Éropah wonten ing abad pertengahan, alang-alang ing Timur Tengah, utawi kuas ingkang dipunangge ing Tiongkok lan Jepang.[1] Keawonanipun manawi nganggé piranti kados wulu, alang-alang, lan kuas inggih punika boten praktis lan tintanipun saged tumplek ing sanginggilipun kertas.[1] Pulpén duwé ruang intérnal.[1] Mangsi dipunsaluraken nglewati pucukipun nalika dipun-ginakaken kanthi ngglindhingaken satunggal bal ingkang alit (dhiameteripun antawis 0,7 mm ngantos 1 mm) saking piranti ingkang kadamel saking logam, mangsi mau langsung garing nalika nempel kertas.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/fd/Ballpoint-pen-parts.jpg/640px-Ballpoint-pen-parts.jpg)