Provinsi Mekkah
From Wikipedia, the free encyclopedia
Mekah utawi Makkah al Mukarramah (Basa Arab : مكة المكرمة) utawi saged dipunsingkat Makkah kemawon, punika salah satunggaling provinsi wonten ing Arab Saudi kang punjeripun wonten ing Kitha Mekah. Kitha punika dados tujuan utama kaum muslimin kanggé njangkepi saha nindakaken ibadah haji, wonten ing kitha punika wonten satunggal yasan utama ingkang kaaran Masjidil Haram kanthi Ka'bah ingkang wonten ing salebetipun. Yasan Ka'bah punika dipundadosaken patokan arah kéblat kanggé ngibadah salat umat Islam wonten ing donya.[1] Kutha punika minangka kutha ingkang suci kanggé umat Islam kaliyan papan miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad [2]