Prau silem Jepang I-400
From Wikipedia, the free encyclopedia
Prau I-400 (伊号第四百百, Prau I-400?) iku prau silem pamotan palwa udara klas I-400 kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Kamaharajan Jepang. Prauné minangka prau angka siji ing klas I-400.[1]
I-400 kapernahaké rikala 18 Januari 1943 déning Astragara Wadya Sagara Kure; banjur kababar rikala 18 Januari 1944. Prau iki kinepyakaké rikala 24 Juli 1945[2] ing pamangkuné Lètnan Kolonèl Toshio Kusaka[3].
Prau iki kèrem rikala 4 Juni 1946 déning USS Trumpetfish ing Kepuloan Hawaii.[4]